web 2.0

Senin, 02 November 2009

NGUKUHI BUDAYA JAWI ING SATENGAHING ERA GLOBALISASI

Rinengga sagunging pakurmatan,

Konjuk dhumateng ngarsanipun Dewan Juri ingkang satuhu kinurmatan, para bapak, para ibu ingkang tansah manggih ing suka rahayu, langkung – langkung para kadang wredha miwah kadang taruna ingkang samya nderek aken trampil sesorah basa jawi ing kagiyatan Rover Scout Competition ingkang kaping sekawan IKIP PGRI Semarang warsa kalih ewu wolu, ingkang satuhu kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga derekaken ngaturaken puja lan puji syukur wonten ngarsa Dalem Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paring rahmat, taufik, hidayah saha inayahipun dhateng kula lan panjenengan sedaya satemah ambabar daya pangaribawa, katitik ing ri kalenggahan puniki kula lan panjenengan sedaya saget makempal manunggal wonten kagiyatan ing IKIP PGRI Semarang punika.
Sholawat sarta salam tetepa konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah dipun tengga - tengga syafa’atipun wonten ing dunya ngantos dumugining yaumil qiyamah amin ya robal alamin.
Ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, konjuk dhumateng ngarsanipun kadang pambyawara ingkang sampun kepareng paring wedal dhateng kula kangge ngaturaken sesorah babagan :

NGUKUHI BUDAYA JAWI ING SATENGAHING ERA GLOBALISASI

Era Globalisasi inggih punika titi wanci kemajenganing jagat,mliginipun kemajengan ing babagan teknologi.
Era puniko ugi dipun tengeri kanthi mardikaning kabudhayan manca mlebet dhateng satunggaling nagari. Indonesia ingkang mujudaken negari ingkang nggadhahi manca warni kabudhayaan mboten bade uwal saking kemajengan ing Era Globalisasi punika.
Kathahipun kabudhayaan enggal ingkang dipun asta dening para wisatawan manca bade nderek ngewai kabudhayaan ing Indonesia.
Daya penampi bebrayan agung dhateng budaya global langkung cepet katandhing kaliyan daya penampi kabudhayanipun piyambak. Kasunyatan saking pengaruhipun globalisasi punika, antawisipun saget dipun persani babagan tatacara pangegeming busana (ageman), Anggenipun sami pangandikan, teknologi informatika lan sesambetan lan sanes-sanesipun basa jawi dados basa ingkang saking semanten ing sangandhaping basa Inggris saha basa Indonesia pasrawungan. Kanthi owah gingsiring kawontenan lan suwasana miwah wekdal para wanita ing tanah jawi ingkang sampun kondhang kaloka trampil lan pinter masak,sampun samya remen dhateng dhedhaharan ingkang gampil dipun padosi dhateng restoran, kadosta : pizza, spaghetti, humberger, fried chicken dipun anggep langkung onjo tinimbang dhedhaharan ingkang dipun damel piyambak. Sarana elektronik tansah paring panglipur kanthi film-film Mandarin, Bollywood, Hollywood, Mexxico lan sanes-sanesipun.
Papan blanja ingkang sampun wonten mboten nyekapi kabetahan malih saengga blanja dhateng manca negeri sampun dados pakulinan, sinaosa mbetahaken prabeya ingkang saklangkung awis.
Handphone kanthi manca warni model dipun rubung dening para remaja. Satunggaling bab ingkang dados kawigatosan inggih punika kados pundi anggenipun njagi budaya jawi supados mboten ical wonten salebeting Era Globalisasi punika.
Titi wanci punika kathah tiyang njawi ingkang sampun kecalan kejawenipun inggih awit sakeng obah mosiki ing Globlalisasi budaya, malah sampun mboten dados tiyang jawi malih. Lajeng menopo ingkang bade dumados menawi tiyang jawi sampun kecalan kejawinipun ? piyambakipun mboten bade manggihaken jati dhirinipun piyambak, malah kados-kados budaya jawi sampun ical sakeng gesang bebrayan.
Ewa sematen arus globalisasi mboten ndadosaken satunggaling bab ingkang ndadosaken degradasi moral saha degradasi budaya ingkang dumados ing titi wanci punika.
Bab-bab ingkang ndadosaken kabudhayan jawi mboten kiprah ing bebrayan agung antawisipun:
1. kabudhayan asli dipun angep kirang saget njumbuhaken kaliyan kawontenan.
2. Prabea sesaji ingkang satuhu awis, lan kekatahen etangan, saengga perlu dipun demel prasaja.
3. Kathah paugeran lan unggah-ungguh ingkang dereng nyawiji lan mbalung sungsum dhateng para remaja.
Bebrayan agung ingkang sampun kepareng ngusung budaya jawi kedah saget kanthi trampil lan njumbuhaken globalisasi budaya punika saengga mlebetipun budaya-budaya saking manca negari, ampun ngantos nggerus budaya jawi piyambak. Pramila kula lan panjenengan sedaya kedah tetep kukuh dhateng wosing budaya luhur ingkang wonten sinambi nyaring-nyaring budhaya inkang wonten ing sakiwo tengen sae babagan angen-angen punapa malih tumindak ing saben dintenipun. Awit saestunipun wosing filosofis budhaya jawi menawi dipun kinten-kinten kanthi pratitis mujudaken wos-wos ingkang universal. Perlu kapinteran anggenipun nintingi efek globalisasi. Tumuju dhateng kemajenganing teknologi informatika lan sasembetan saget dipun ginakaken minangka sarana nguriuri saha ngrembakaken wosing budayanipun piyambak. Jatidhiri laladan kedah lajeng katanem ing jiwa bebrayan tanah jawi, serta kedah lajeng ningkatakan wosing kapitadosan. Awit saking punika perlu dipun tindakaken revitalisasi budhaya daerah saha ngiataken budaya punika piyambak.
Pambudidaya kasebat dipun wujudaken lumantar cara-cara ingkang strategis ing antawisipun :
1. Nindakaken pangertosan perkawis falsafah budaya jawi dhateng sedaya perangan saha sedaya yuswa kanthi ngginakaken basa jawi, kalebet ing tataran pamarintah pusat ngantos dumugi RT saha RW.
2. Ngleresaken pasinaon basa jawi.
3. Ningkataken para kadang dwija supados langkung sae, minangka ingkang tanggel jawab babagan budaya ngantos ing salajengipun.
4. Ngrembakaken budaya tradisional dening pamarintah.
5. Ningkataken tanggel Jawab kalawarti saha elektronik wonten salebeting adamel kondusif pangertosan falsafah budaya jawi, anggelar budayanipun piyambak.
6. Ngawontenaken workshop saha sarasehan falsafah budaya jawi kanthi ajek.
7. Maringi sarana kanthi wonten kelajenganipun tumrap gegayuhan-gegayuhan kanggo nguru-urisaha ngrembakakaken budaya.
Pembangunan jiwaning budaya kasebat kanti tlesih sampun ngrangkul lan ngebahaken sedaya perangan wonten salebeting ngadhepi era globalisasi ingkang mbikak tata cara lumampahing budaya saha liru budaya ingkang kanthi wonten kelajenganipun bade manggihaken wosing budaya setunggal kaliyan sanesipun.
Kangge punika, kula lan panjenengan sedaya minangka para siswa kedah nderek mbudidaya kanthi saestu nguri-uri kabudhayan jawi, kanthi mapanaken budaya jawi wonten salebeting bebrayan agung.
Kanthi mekaten kula lan panjenengan bade tansah saget NGUKUHI BUDHAYA JAWI ING SATENGAHING ERA GLOBALISASI !
Mekaten ingkang saget kula aturaken, ing wasana sawergungasirah jalma mangsa bororng wonten ngersa paduka.

1 komentar:

M. Muhtar Sya'roni mengatakan...

Wah kurang banyak toh...ngepost.na maklum lah ...kan bru...hehehehe